Bawa Wacana

Sugeng maos, wonten ing seratan ingkang kula damel menika mugi saget mumpangati dhumateng Panjenengan, lan panyuwun kula dhumateng para ingkang maos suka paring panyaruwe ing babagan seratan kula menika.

Kamis, 11 Juni 2009

KAPUSTAKAN 1

SERAT – SERAT BASA JAWI

Menawi dipuntingali serat – serat basa jawi pinika wujutipun :

v Serat – serat Jawi Kina

v Serat – serat Jawi Tengahan

v Serar – serat Jawi jaman Islam

v Serat – serat Jawi jaman Surakarta

v Serat – serat Jawi jaman Bale Pustaka

v Serat – serat Jawi jaman Kamardikan

v SERAT – SERAT JAWI KINA

Wujutipun serat jawi kina manut golonganipun wonten kalih :

A. Serat – serat jawi kina golongan sepuh

B. Serat – serat jawi kina golongan enem

v SERAT – SERAT JAWI TENGAHAN

Wujutipun serat jawi tengahan menika wonten :

A. Serat Gancaran mawi basa jawi tengahan

B. Kidung basa jawi tenganhan

A. SERAT – SERAT JAWI KINA GOLONGAN SEPUH

Serat – serat ingkang kalebet serat jawi kina golongan sepuh ing antawisipun kadosta

1. SERAT CANDA KARANA

Serat menika ingkang nganggit dereng kasumurupan, lan kaserat ing Rontal.

Isinipun serat menika piwulang bab tembang, lan isinipun kados dene Bahusaastra

( Woordenboek ) ingkang kadamel cara Hindu.

2. SERAT RAMAYANA ( KEKAWIN )

Serat Ramayana kekawin menika kadamel rikala jaman jumenengipun Prabu Dyah Balitung Ratu wonten ing Mataram tahun ± 820–832 Çaka. Ingkang nganggit serat Ramayana Kekawin menika dereng kasumurupan, serat menika kadamel saking babon serat saking India, naminipun serat Rawanawadh (PejahipunDasamuka),

anggitanipu Bhattikawya

Serat Ramayana jawi kina menika kaperang dados 6 perangan utawi Sad kandha, wujutipun inggih menika :

a. Balakandha

b. Ayodyakandha

c. Aranyakakandha ( Wanakandha )

d. Kiskendhakandha

e. Sundarakandha

f. Yudhakandha

Rikala Jaman Surakarta awal Serat Ramayana Jawi Kina menika dipunjarwakaken dhateng basa jawi enggal dening R. Ng. Yasadipura I, naminipun Serat Rama, lan wujutipun Sekar Macapat.

Ing Negari India ugi wonten Serat kekawin Ramayana damelanipun Walmiki, dene isinipun kaperang dados 7 perangan utawi sapta kandha

Peranganipun inggih menika :

  1. Balakandha
  2. Ayodyakandha
  3. Aranyakakandha
  4. Kiskendhakandha
  5. Sundarakandha
  6. Yuddhakandha

Ringkesanipun cariyos Ramayana ingkang dumados saking 6 kandha :

a. BALAKANDHA

Isinipun nyariyosaken Putranipun Dasarata ( Rama Wijaya, Laksman, Barata ) nalika taksih alit Puruhita ( meguru ) dhateng panggenanipun Begawan Wasista dipunwulang olah kridaning kaprajuritan saha sakathahing tindak utama.

b. AYODYAKANDHA

Isinipun nyariyosaken : Sareng sampun sami mumpuni katimbalan wangsul dhateng ayodya. Rama Wijaya lan Laksmana dipunsuwun dening Begawan Yogiswara lan Begawan Mitra supados nyirnakaken reresah bala tentaranipun Prabu Dasamuka. Salajengipun Rama wijaya dherek sayembara panah wonten ing Negari Manthilireja lan saget mimpang ( menang ) sayembaranipun saha kadhaupaken kaliyan Dewi Sinta. Konduripun dhateng Negari Ayodya ing margi dipunadhang dening kaliyan Ramabargawa ( Ramaparasu ). Ramabargawa saget kasirnakaken Rama Wijaya, Rama dipunjumenengaken dados Ratu ing Ayodya ananging Dewi Keyayi Ibu Tirinipun Rama beka mboten sarujuk menawi Rama Wijaya dipun dadosaken Ratu.

Rama Wijaya kadhawuhan kesah dhateng wana.

c. ARANYAKAKANDHA ( WANAKANDHA )

Serat menika isinipun nyariosaken rikala Prabu Rama Wijaya, Dewi Sinta lan Laksmana wonten ing wana Dandaka. Rama ngoyak kidang kencana malihanipun Kala Marica. Laksmana nututi Rama, Dewi Sinta kadusta dening Rahwana, ing margi kepanggih kaliyan peksi Jatayu ananging Jatayu kawon kaliyan Rahwana. Rama lan Laskmana madosi Dewi Sinta kepanggih kaliyan Jatayu ingkang ngalumpruk ing siti badhe dipunpejahi dening Rama dipunemutaken kaliyan Laskmana. Jatayu nyariosakenanggenipun nulungi Dewi Sinta, sarampungipun cariyos Jatayu lajeng pejah.

Rama lan Laksmana nglajengaken lampah ing margi kepanggih kaliyan Dirgabahu, Rama kadhawuhan dhateng Redi Reksamuka nglelipur manahipun Sugriwa.

d. KISKENDHAKANDHA

Nyariyosaken Prabu Rama Wijaya lan Laksmana nyirnakaken Subali lan Dewi Tara kapendet wangsul dening Sugriwa. Sugriwa ngratoni para wanara,dene Anoman dipunutus Rama ngupadi papan panggenanipun Dewi Sinta ing Alengka Diraja.

Anoman lan wadyabala lerem wonten ing Redi Windu, kepanggih kaliyan Sayempraba. Kenging kemayanipun Sayempraba para wanara sami wuta. Pikantuk pitulunganipun saking peksi Sempati ( sederekipun sepuh Jatayu ), sedaya wanara dipun tedahaken margi. Anoman njujug ing taman Argasoka.

e. SUNDARAKANDHA

Sasampunipun wangsul saking Alengka, Anoman matur bilih Dewi Sinta wonten ing Argasoka pramila Rama dhawuhi supados cecawis perang. Bidal saking Redi Maliawan lajeng lerem ing Redi Mahendra ing sateping seganten. Sundarakandha ugi nyariyosaken Rama tambak, sarampungipun nambak seganten lajeng sami masanggrah wonten ing redi Sundara, ngaso sawatawis lajeng mranata gelaring prang.

f. YUDHAKANDHA

Nyariyosaken kawontenaning perang ngantos sirnanipun sirnanipun Dasamuka. Kangge mbuktekaken bilih Sinta taksih suci mila lajeng kaobong, Sinta mboten kobong malah mencorong cahyanipun. Sinta lajeng kaajak kondur dhateng Ayodya.

3. SANG HYANG KAMAHAYANIKAN ( Gancaran )

Ingkang nganggit dereng kasumurpan ( Anonim ). Kaanggit rikala jamannipun Empu Sindhok Ratu ing tanah jawi wetan 851 – 869 Çaka ( 929 – 947 Masehi ).

Isinipun nyariyosaken wosing Agami Budda Mahayana. Dipunterangaken bilih reracikaning Dewa ing agami Mahayana cocog kaliyan tatananing reca-reca Budda ing candhi Borobudhur.

4. BRAHMANDHAPURANA ( Gancaran )

Isinipun warni-warni, nyariyosaken bab Agami Siwah, kawruh dumadosipun ndonya, kawontenan alam, sejarah para Resi sang Daksa damel wilujengan, bab peperanganing bangsa ( brahmana, satriya, waysa, sudra ), bab Yuga ( peperangan

ipun jaman ), bab wedha-wedha saha gotekipun. Ingkang nganggit dereng kasumurupan (anonim), ananging dipunkinten-kinten barakaipun kaliyan Serat “Sang Hyang Kamahanikan”

5. AGASTYAPARWA ( Gancaran )

Isinipun nyariyosaken rikala sang Dredhasyu matur dhateng ramanipun inggih menika Begawan Agastya, tanglet bab warni-warni, kadosta ; punapa sebabipun tiyang menika minggah ing swarga utawi –punapa sebabipun tiyang saget kecemplung

neraka, bab warni – warnining awon lan kawusananipun.

6. UTTARAKANDHA ( Gancaran )

Serat menika petikanipun saking Serat Ramayana Walmiki ingkang pungkasan.

Serat menika kadamel jamanipun Prabu Darmawangsa Teguh, ananging dereng kacetak.

Isinipun nyariyosaken :

a. Lahiripun Dasamuka lan kawontenan saderengipun perang kaliyan Prabu Rama Wijaya.

b. Lelampahanipun Dewi Sinta sakunduripun ing Ayodya.

Prabu Rama Wijaya mituruti pikajengipun para kawula, Dewi Sinta kapegat lajeng katundhung saking Ayodya mangka awrat sanget.

Sareng Dewi Sinta kawelas asih ing pratapan lajeng kagungan putra kembar dipunparingi nama Kasa lan Lawa Nalika Dewi Sinta badhe katimbalan wangsul dhateng kedhaton siti lajeng bengkah lan Dewi Sinta lumebet ing siti lajeng seda, Rama akhiripun seda ngenes.

7. ASTADASAPARWA ( Gancaran )

Serat menika kadamel rikalajumenengipun Prabu Darmawangsa Teguh, ratu ing tanah Jawi Wetan, rikala tahun 913 – 929 Çaka ( 991 – 1007 Masehi ). Babonipun serat Astadasparwa menika saking tanah India mawi basa Sansekerta ingkang naminipun Mahabharata kekawin ingkang nganggit Empu Wyasa. Namung kemawon wonten

gesehipun. Gesehipun serat menika wonten ing parwanipun, menawi serat Astadasaparwa menika dumados saking 17 parwa menawi Mahabharata kekawin dumados saking 18 parwa.

Wondene urutaning parwa menika kados mekaten :

JAWI KINA

SANSEKERTA

1

Adiparwa

1

Adiparwa

2

Sabhaparwa

2

Sabhaparwa

3

Aranyakaparwa

3

Aranyakaparwa

4

Wirathaparwa

4

Wirathaparwa

5

Udyagaparwa

5

Udyagaparwa

6

Bhismaparwa

6

Bhismaparwa

7

Dronaparwa

7

Dronaparwa

8

Karnaparwa

8

Karnaparwa

9

Salyaparwa

9

Salyaparwa

10

Gadaparwa

10

Sauptikaparwa

11

Sauptikaparwa

11

Stripalapaparwa

12

Stripalapaparwa

12

Çantiparwa

13

Asvatamaparwa

13

Amusasanaparwa

14

Asramawasaparwa

14

Asvatamaparwa

15

Mosalaparwa

15

Asramawasaparwa

16

Prasthanikaparwa

16

Mosalaparwa

17

Swargarohanaparwa

17

Prasthanikaparwa

18

18

Swargarohanaparwa

RINGKESAN ISINIPUN PARWA – PARWA MENIKA :

1). ADIPARWA

Nyariyosaken Pandawa lan Kurawa nalika taksih alit, ingkang wusananipun sami regejekan. Cariyos ngebur seganten presan njalari medalipun toya panggesangan, wiwitipun wontenipun grahana srengenge rembulan lan dipuntedha raseksa ( dawana ) sirah thok.

2). SABHAPARWA

Nyariyosaken Pandawa tuwin Kurawa anggenipun main

dhadhu

3). ARANYAKAPARWA

Isinipun nyariyosaken sasampunipun kawon main dhadhu

Pandawa lajeng kesah dhateng wana dangunipun kalih welas ( 12 ) tahun.

Aranya tegesipun wana utawi alas.

4). WIRATHAPARWA

Pandawa kaliyan Drupadi suwita ing negari Wiratha piyambakipun nyamar dados abdi kraton dangunipun 2 tahun.

v Yudhistira dados Brahmana naminipun Dwija Kangka.

v Wrekudara dados juru masak lan tukang gelut

naminipun Balawa.

v Arjuna padamelanipun ngajari njoget lan nembang

naminipun Wrehannala.

v Nakula dados gamel utawi pekathik.

v Sadewa dados pangen, tukang angon.

v Drupadi dados tukang damel boreh lan lisah wangi

naminipun Sairindri.

5). UDYAGAPARWA

Pandawa wangsul dhateng Astina lan cecawis perang Barata. Udyaga tegesipun cecawis utawi cepak-cepak.

6). BHISMAPARWA

Isinipun nyaryosaken wiwitanipun perang Bharatayudda, Bhisma dados senopatinipun lare Kurawa. Bhisma mengsah kaliyan Çikandhi ( Srikandhi ) lan seda Jalaran kathahing panah ingkang tumancep ing sarira.

7). DRONAPARWA

Drona dados senopati Kurawa nggantos Bhisma, Drona pejah dening Drstajumna.

8). KARNAPARWA

Sareng Drona pejah Kurawa bingung sinten ingkang saget nggatos dados senopati lajeng kapilih Karna ingkang nggatos Drona dados senopati. Ing perang Barathayudda Karna mengsahipun Arjuna. Ing perang menika kretanipun Arjuna dipunkusiri dening Prabu Kresna.

Senin, 01 Juni 2009

Puisi Jawa

KIDUNG PRAHARA SITU GINTUNG

Amblas bablas tanpa tilas
Rata klawan bantala
Prahara teka tanpa kandha
Rikala
Manungsa kepati nendra
Situ Gintung dadi kidung memala

Iku disengaja
Apa lali ?

Ora kena dibantah
Lha wong iku musibah
Kita kudu pasrah
Apa kersane Allah

Upama prahara iki
Tekane kanthi ngandhani
Ora bakal akeh sing mati
Nanging kabeh wis pinesthi
Tan bisa diendhani

Kabeh wus dumadi
Ora bakal bisa bali
Kanggo pepeling
Wong kang eling

Manungsa
Amung bisa
Sumarah, pasrah, manembah
Supayantuk pitedah
Tumuju ing alam barzah
Gringsing, 31 Maret 2009
Anggitanipun Hajar Suryanto

Sabtu, 30 Mei 2009

Crita Rakyat

DUMADOSIPUN

NAMI DHUSUN ING WEWENGKON BATANG

Sumber bahan :

  1. Buku sejarah dumadosipun kitha Batang.
  2. Buku legenda-legenda ing kabupaten Batang.
  3. Cariyosipun Mbah Supandi sesepuh dhusun Gringsing Kabupaten Batang.

Dumadosipun nami dhusun ing wewengkon Batang, menika asal-usulipun wonten sambung rapetipun kaliyan perjuanganipun Sultan Agung Hanyakrakusuma nalika brastha kumpeni wonten ing Batavia. Perjuanganipun dereng nate kasil awit katelasan tedha wonten ing marginipun, satunggaling wekdal Sultan Agung Hanyakrakusuma nggadhahi pangangkah badhe nyerang malih dhateng Batavia, saderengipun dhateng Batavia panjenenganipun Sultan Agung Hanyakrakusuma paring dhawuh dumateng para abdi ingkang wonten ing wewengkon pesisir ler seganten jawi, supados mbikak lan ndamel laladan pasabinan, ingkang mangkenipun badhe kangge ndamel lumbung tetedhan. Rikala Sultan Agung niti prikasa laladan ingkang kangge pasabinan kalawau kepanggih kaliyan putri ingkang sulistya ing warni inggih punika putri Kali Salak ingkang nama Rantansari, Panjenenganipun kasengsem lan kepengin mundhut dados prameswari.

Sultan Agung utusan abdinipun ingkang nama Jaka Bahu, putra Ki Ageng Cempaluk ing Kesesi, wewengkon Pekalongan, supados ngaturaken Rantansari kalawau dhateng Mataram, ananging Jaka Bahu sareng kepanggih lan sumerep kaliyan Rantansari piyambakipun ugi kasengsem, Rantansari ugi nglanggati Jaka Bahu. Jaka Bahu bingung manahipun lajeng piyambakipun matur kaliyan ramanipun Ki Ageng Cempaluk, ramanipun paring eguh pratikel, Jaka Bahu supados kesah dhateng dhusun Kali Beluk ( Warung Asem ). Kangge nglanggati tresnanipun dhateng Rantansasri Jaka Bahu kesah dhateng dhusun Kali Beluk, ing dhusun Kali Beluk wonten satunggaling kenya ingkang memper kaliyan Rantansari, naminipun Endang Wuranti.

Jaka Bahu manggihi tiyang sepuhipun Endang Wuranti, tiyang sepuhipun Endang Wuranti menika padamelanipun sadeyan srabi. Jaka Bahu matur menawi mboten kawaratan putrinipun badhe kaboyong dhateng Mataram, amargi Sultan Agung ngersaken Endang Wuranti dados prameswarinipun. Tiyang sepuhipun nyarujuki putrinipun kaboyong dhateng Mataram.

Sultan Agung Hanyakrakusuma mboten nggadhahi raos cubriya dhumateng kenya ingkang sulistya ing warni menika, bilih kenya punika sanes Rantansari ingkang dipunkajengaken. Sareng badhe kalenggahaken ing dhampar kencana Endang Wuranti mboten kiyat lajeng kantaka, sasampunipun sadar endang Wuranti dipundangu kaliyan Sultan Agung, Endang Wuranti ngaken bilih piyambakipun menika anakipun bakul srabi ing dhusun Kesesi, amargi piyambakipun menika memper kaliyan Rantansari mila dipunutus dening Jaka Bahu nggantosaken Rantansari.

Midhanget aturipun Endang Wuranti, Sultan Agung duka sanget dhateng Jaka Bahu, Jaka Bahu lajneg kaukum dening Sulatan agung supados mbikak alas roban, dene endang Wuranti amargi kajujuranipun Sultan Agung maringi ganjaran arupin sesotya lan nitahaken bilih srabi damelanipun tiyang sepuhipun Endang Wuranti badhe dipunremeni tiyang kathah. Salajengipun Jaka Bahu nindakaken ukumanipun inggih menika mbikak wana roban, ing mriki kawiwitan dumadosipun nami-nami ing laladan kitha Batang.

Rikala Jaka Bahu nindakaken tugas ukuman pikantuk pacoban ingkang awrat, kathah penderkipun ingkang pejah, sareng dipuntiti pranyata ingkang nyebabaken inggih menika gangguan saking para siluman ingkang dipunpandegani dening Raja siluman ingkang nama Dadung Ngawuk. Kanthi ngerahaken sedaya kasektenipun Jaka Bahu ingkang agelar senopati Bahureksa saget ngalahaken para siluman kalawau.

Sareng tugas mbikak wana rampung, giliranipun ndamel aliran lepen lan bendungan kangge nginggahaken toya lepen Lojahan. Aliran lepen menika sapunika katelah lepen Kramat. Riakala ndamel bendungan Bahureksa lan penderekipun dipunganggu dening siluman Uling ingkang dipun pandegani dening Kala Drubiksa, tanggul bendungan dipunjebol lan dipunrisak dening siluman uling, Bahureksa mandhap piyamabak nangani perkawis kalawau. Siluman Uling kabrastha, kathah korban ing pihak siluman uling, rah pating pececer ing ing lepen ndadosaken toya lepen abrit kados tlutuh wit gowok, pramila papan menika sapunika kawastanan Kedhung Gowok.

Kala Drubiksa ingkang asalipun saking Ujungnegara, miturut panuturan turun-tumurun pesisir Ujungnegara menika Dermaga ingkang kangge ndarat Jung-jung saking manca negari, mila papan menika katelah Ujungnegera. Drubiksa lan prajuritipun ndamel Benteng kanthi sesideman ing sisih kilen Ujungnegera, benteng ingkang kangge sesideman menika sapunika dados dhusun Sedeman wewengkon Klidang Lor. Rikala piyambakipun mengertosi bilih prajuritipun kathah ingkang pejah amargi tingkah polahipun Bahureksa, Drubiksa kaliyan prajuritipun saking Ujungnegera minggah mangidul mlipir lepen Lojahan sapunika lepen Sambong lan maranipun lepen Kramat, kanthi kasektenipun Drubiksa Bahureksa saget kadesek mundur. Bahureksa ngginakaken siasat enggal, saking saranipun tiyang sepuhipun Bahureksa inggih menika Ki Ageng Cempaluk, supados mbujuk adhinipun Drubiksa ingkang nami Drubisawati, amargi pambujukipun Bahureksa kalawau Drubiksawati nyagahi biyantu dhateng Bahureksa. Drubisawati mendet pedang piyandelipun Drubiksa ingkang nami Pedang Suwedang. Drubiksa lan prajuritipun saget katumpes dening Bahureksa.

Sampun saantawis dangu Drubiksa lan prajuritipun pejah, balung-balungipun keli kintir ngantos dumugi ing pesisir, ing antawisipun balung gandhu (dengkul), dening warga pesisir papan panggenan ingkang wonten balung gandunipun kalawau dipunwastani pesisir Sigandhu.

Ugi dipuncariyosaken nalika rikala Bahureksa bebedak kidang nuruti pikajengipun garwanipun ingkang nembe nyidam dhahar daging kidang. Bahureksa ningali Kidang ingkang nembe mangan suket, amargi dumuginipun Bahureksa menika sami kaliyan arahipun angin pramila para Kidang kalawau mambet kringetipun Bahureksa, mangertosi bilih wonten bebaya Kidang kalawau sami mlajar sedaya. Bahureksa mbudidaya ngoyak kidang ananging mboten kiyat ngoyak, amargi kidang ingkang mlajar langkung cepet, kidang ingkang mlajar mboten temtu arahipun malah wonten ingkang kejebur lepen, suwanten sikil-sikil kidang ingkang kejebur lepen menika pating kecopak, suwanten ingkang pating kecopak menika dados sebutan dhusun Kecepak.

Rombongan kidang ingkang mlajar ing sapinggiring lepen tumuju mengaler, Bahureksa ngetutaken tepak kidang buronanipun. Ilining lepen ingkang dipunliwati kidang kalawau sapunika dados lepen Klidang lan dhusun Klidang.

Pambudidayanipun Bahureksa ngoyak kidang kandeg amargi katelasan daya. Bagaskara sampun lingsir mangilen, Bahureksa rumaos sayah lan lenggah wonten ing rerungkutan, amargi raos sayah ingkang kalangkung lan angin ingkang sumilir ndadosaken ngantukipun Bahureksa, piyambakipun lajeng sare, sareng wungu Bahureksa kejot amargi ing sangajengipun wonten satunggaling Pedang ingkang tumancep ing siti, Suwedang mekaten nguda raosipun Bahureksa, medalipun pedang ingkang tumancep ing siti kalawau ndadosaken gumun lan gawok manahipun, menapa malih pedang kalawau lajeng ical, kados-kados namung nyapa dumuginipun Bahureksa wonten ing papan ngriku, papan leremipun Bahureksa kalawau ing samangke kasebat pasarean Suwedang.

Wekdal ingkang sampun mepet, amargi sampun sonten Bahureksa nglajengaken ngetutaken lampahiun kidang mengaler, ananging sasampunipun lumampah dangu mboten wonten satunggal kemawon kidang ingkang saget kacepeng. Bahureksa rumaos pepes manahipun awit mboten saget nuruti semahipun anggenipun ngidam daging kidang.

Mboten watawis dangu Bahureksa nggadhahi pamanggih awon, badhe nggantos daging kidang ngangge daging kewan sanesipun, kaleresan ing sacelakipun ngriku wonten maesa ingkang sami nyeggut suket, maesa kalawau lajeng dipunpanah. Kenging, ananging maesa kalawau malah mlajar sinaosa sampun kathah rah ingkang medal, maesa kalawau taksih mlajar njegur seganten lan klelep, sareng kumambang maesa kalawau sampun pejah, saking katebihan bathang maesa njumbul kados dene sela karang, saking menika laladan panggenanipun maesa kumambang kawastanan Karang Maesa.

Ningalai kadadosan menika Bahureksa rumaos getun awit sampun ndadosaken sato ingkang mboten dosa pejah. Bahureksa janji ing salebetipun manah sampun mboten badhe bebedhag malih langkung-langkung kidang. Bahureksa wangsul, sinambi ngempalaken pring lan kajeng ingkang wonten ing sapinggiring gisik, kajeng lan pring kalawau dipuntata kados prau utawi gethek, laladan ngempalipun kajeng-kajeng kalawau lajeng katelah Batang.

Sadumuginipun nggriya Bahureksa nyariyosken sedaya lelampahanipun dhumateng semahipun, Bahureksa rumaos lega manahipun awit semahipun mboten duka. Semahipun sampun mangertos bilih garwanipun inggih menika Bahureksa sampun temen-temen mbudidaya anggenipun pados daging kidang.

Kacariyosaken bilih sasampunipun kasil nuntasaken tugas ukumanipun, Bahureksa saha prajuritipun lajeng tatatata kangge tumuju dhaten Batavia.

Folklore Lesan

PASEBAN KEMANGI

Cariyos menika kula tampi saking kanca kula ingkang asma Ibu Rochi Khayati, S.Pd ( Ibu Sekdes dhusun Jungsemi ) lan kajumbuhaken kaliyan Buku “ Babad Tanah Kendal “ anggitanipun Ahmad Hamam Rochani.

Ingkang badhe kula cariyosaken inggih menika nami Pesarean Kemangi satunggaling panggenan ingkang wonten ing dhusun Jungsemi, Kecamatan Kangkung, Kabupaten Kendal lan dhusun-dhusun sanesipun ing sakiwa tengenipun.

Cariyosipun rumiyin rikala Sultan Agung Hanyakrakusuma badhe mengsah Walandi dhateng Batavia, sedaya Tumenggung, Adipati lan Punggawa Praja dipunaturi rawuh wonten ing Pasewakan Agung ing Mataram. Dipuntetepaken wonten ing Pasewakan menika Mataram badhe nglurug perang dhateng Batavia lan ugi netepaken bilih Senopatining perang inggih menika Tumenggung Bahureksa, Adipati Kendal lan Gubernur Pesisir Seganten Jawi.

Wekdal semanten Kendal dados punjering kawigatosan para Sentana Praja, langkung-langkung dhumateng Tumenggung Bahureksa. Dene ingkang sami rawuh makempal wonten ing Kendal antawisipun Pangeran Puger, Pangeran Purbaya, Tumenggung Mandurareja, Tumenggung Upasanta, Pangeran Kadilangu, Tumenggung Wiroguna lan taksih kathah punggawa-punggawa praja sanesipun.

Bahureksa netepaken bilih pepanggihan ngrembag ancang-ancang ngluruk perang menika mboten wonten ing pendhapa Kadipaten, ananging wonten ing satunggaling panggenan ingkang kedah dipunsingitaken, panggenan kalawau pranyata wonten ing madyaning wana, sapunika dados pasabinan. Leresipun ing sangandhapipun wit ingkang edhum. Wit menika ing wekdal samangke naminipun wit kemangi, wit menika manggen ing tengahing pasabinan, samangke dados pasarean.

Pasarean menika mlebet wewengkon dhusun Jungsemi Kecamatan Kangkung Kabupaten Kendal, panggenan menika dados pekuburan ingkang wingit.

Wonten ing paseban kalawau sedaya “ Kayoman “, istilah sanesipun kasat mata amargi sampun dipunpayungi wit kemangi lan ayat mimang ingkang dipuntanem dening Tumenggung Rajeg wesi utawi Ki Gedhe Kemangi.

Tumenggung Rajagwesi menika ingkang tinatah njagi kawilujenganipun para paraga pengageng praja supados lancar anggenipun nyiapaken sedayanipun kangge ngluruk Walandi dhateng Batavia, pramila ing sakiwa tengenipun paseban dipun pageri kaliyan oyot mimang ingkang kiyat kados dene kiyatipun pager wesi, oyot mimang wonten ing cariyos tutur minangka kinayah perangan saking ayat suci Al-Quran, oyot saking tembung ayat, Mimang dipun pendhet saking pethilan aksara utawi tembung saking Ayat Kursi inggih menika Mim-ma.

Pranyata panci mboten wonten telik sandi ingkang kasil mangertosi panggenan paseban kalawau. Ing sanjawinipun pasarean kemangi wonten satunggal pasarean ingkang kijingipun sela wonten seratanipun “Padhepokan Laduni Faqoh”. Ing sangandapipun seratan wau wonten seratan “ Sembara ”.

Pranyata Tumenggung Rajegwesi menika kalawau ingkang kagungan padhepokan “ Laduni Faqoh ”. Sadangunipun paseban kemangi menika lumampah kasunyatanipun sampun ndamel cariyos tutur ingkang ndadosaken pangemut-emut tumrap masyarakat sakiwa tengenipun, cariyos kalawau ing antawisipun :

  1. Tumenggung Kerti Wongso saking Jepara nuju dhateng Batavia ing tengahipun lampah perahunipun kandheg, amargi wonten sela karang ingkang mbujur dhateng laut kepeksa sami leren. Sasampunipun leren lampah kalajengaken ngantos dumugi Batavia lan kasil mbeta peta Batavia sawangsulipun saking Batavia Kerti Wogso kedah laporan dhateng Kendhal wonten ing panggenan ingkang sampun katetepaken. Pranyata ingkang kangge pepangihan mboten tebih kaliyan kandhekipun prau nalika badhe bidhal. Awit papan kalawau wonten karangipun ingkang mbujur dhateng seganten, pramila lajeng kaparingan nama : Karang Malang. Priyantun ingkang dipunpasrahi mimpin dhusun Karang Malang inggih menika Kyai Syamsudin, satunggaling Ulama ingkang dherek nglurug VOC dhateng Batavia.
  2. Paseban Kemangi manggenipun ing pinggiring segaten jawi kangge nggampilaken lacak tumrap pengageng Mataram, nuju dhateng Kemangi, lajeng katanem wit jambe utawi pucang ing sapinggiripun margi ageng, panggenan menika lajeng katelah : Pucang Reja.
  3. Laladan ingkang tumuju dhateng paseban rame, pramila ing saben-saben panggenan wonten prajurit ingkang njagi lan para pengageng Mataram menawi badhe tindak dhateng paseban Kemangi langkung rumiyin pinarak wonten padhepokan Laduni Faqoh. Panggenan menika katelah nama Depok (Padepokan), samenika sampun gantos nami dados dhusun Sukodadi.
  4. Tumenggung Rajegwesi kabantu Kyai Akrobudin lan para santri mbudidaya kanthi saestu anggenipun nyugata dhateng para pengageng Mataram, lajeng mbikak pasabinan ingkang wiyar sarta lepenipun kangge ngilekaken toya dhateng pasabinan, panggenan ingkang dipunlangkungi lepen menika dados nami dhusun Kaliyasa.
  5. Senopati prajurit ingkang badhe kabidhalaken dhateng Batavia, langkung rumiyin dipunparingi arahan wonten ing Paseban Kemangi, pramila kathah prajurit ingkang wira-wiri wonten panggenan ingkang nuju dhateng Kemangi kalawau. Panggenan menika katelah Tlahaban , sapunika dados dhusun Tlahab.
  6. Sedaya prajurit ingkang nglangkungi Tlahaban kalawau kedah dipuntiti priksa rumiyin. Pos sepisan dipunjagi dening Pangeran Kadilangu, pramila ngantos saprikai dhusun kalawau dipun paringi nama dhusun Kadilangu.
  7. Panggenan sanes ingkang kangge kempal prajurit sami niti priksa senjata menapa dene pirantos perang sanesipun wonten ing sangandhapipun wit Laban, pramila panggenan wontenipun wit Laban kalawau katelah dhusun Laban.
  8. Ing sisih ler panggenan dipunjagi prajurit saking Pekalongan dipun pandhegani dening Kyai Tumenggung Panji Reja (Ajudanipun Tumenggung Mandurareja Adipati Pekalongan), panggenan menika katelah dhusun Rejasari.
  9. Kaamanan pesisir dipunsrahaken dhateng Pangeran Sambong lan Ajudanipun Kyi Mojo lan Kyai Sandi. Pesabinan dipundamel lepen kangge ngilekaken toya, lepenipun dipundamel kanthi sae, ananging toya mboten saget mili mengaler, panggenan sakiwa tengenipun asring lober lan ndadosaken bena, kawontenanipun siti sansaya ndhesek dhateng seganten lan dados Tanjung, pramila panggenan menika spunika dados dhusun ingkang naminipun Tanjungmojo. Papan panggenan toya ingkang wangsul mbalik minggah, sapunika kawastanan dhusun Kali Balik. Leluhur masyarakat Kalireja lan Tanjungmojo inggih menika Kyai Mojo lan Komajaya. Panjenenganipun seda nalika ngukuhi lumbung tetedhan kangge prajurit Mataram ingkang dipunbesmi kaliyan Walandi.
  10. Laladan kilen dipunjagi Pangeran Sambong Adipati Karang Anom, Raden Sulamjana, Raden Bahu Bantheng lan Pangeran tanjung Anom. Dipuncariyosaken bilih telik sandhi Walandi panci mbudidaya nyelaki Paseban Kemangi saking arah kilen nglangkungi dhusun Gringsing, nanging wonten ing satunggaling panggenan telik sandhi kalawau saget dipunkawonaken dening prajuritipun Pangeran Karang Anom, kangge pangemut-emut panggenan menika katelah dhusun Karanganom.
  11. Kangge nginceng mengsah ingkang dumuginipun saking arah seganten injg satunggaing panggenan dipundamel panggung inggil, pandamelipun dipunpandegani dening Raden Bahu Bantheng lan Pangeran Tanjung Anom, panggenan ingkang kangge njagi mengsah saking panggung inggil menika lajeng kawastanan dhusun Tawang utawi Gempol Sewu.
  12. Pangeran Sambong lan Raden Sulamjono dipunpasrahi njagi ing laladan sawetanipun dhusun Weleri, panggenan menika langkung “ strategis “ lan gampil ngonangi telik sandhi, dipuncariyosaken telik sadhi Walandi saget dipunasoraken dening Raden Sulamjono menapa dene Pangeran Sambong, papan panggenan mlebetipun para telik sandhi sapunika kawastanan dhusun Ungup ungup.
  13. Badharipun Kaladuta 1 lan 2 kathah prajurit ingkang wangsul dhateng Kenddal lan mboten wangsul dhateng Mataram. Paraga ingkang nderek nyerang dhateng Batavia lan nderek pepanggihan wonten ing Paseban Kemangi, ing antawisipun inggih menika Raden Muthohar lan Raden Haryo Sungkono.

Dumugi ing Kendal priyantun kekalih menika nyamar dados masyarakat limrah, ing papan panggenan dumuginipun kekalihipun nanem satunggaling wit naminipun wit Sembung lan pirantos kapal ( jaran ) ugi dipuntanem ing panggenan menika, pramila panggenan menika dipunparingi nama Sembung Tambar. Sembung kapendhet saking namining wit lan Tambar tegesipun lega utawi slamet, dhusun menika ing wewengkon Kecamatan Cepiring.

14.Pangeran Sambong misah saking kalih prajurit kalwau lajeng nuju dhateng tepis wiringing lepen ingkang kathah wit pisang, wit kelapis lan wit pring, wonten ing mriku wusananipun Pangeran Sambong mertapa ananging badhar amargi kadenangan dening telik sandhi walandi, papan menika dipunsebat dening Walandi Cepiring ingkang tegesipun “ Tepis wiringing lepen “. Pangeran Sambong lajeng jengkar dhateng papan panggenan ingkang langkung inggil ing sisih kilen. Panjenenganipun lajeng ngedegaken padepokan, papan padepokan kalawau lajeng kawastanan dhusun Sambongsari.