Bawa Wacana

Sugeng maos, wonten ing seratan ingkang kula damel menika mugi saget mumpangati dhumateng Panjenengan, lan panyuwun kula dhumateng para ingkang maos suka paring panyaruwe ing babagan seratan kula menika.

Sabtu, 30 Mei 2009

Folklore Lesan

PASEBAN KEMANGI

Cariyos menika kula tampi saking kanca kula ingkang asma Ibu Rochi Khayati, S.Pd ( Ibu Sekdes dhusun Jungsemi ) lan kajumbuhaken kaliyan Buku “ Babad Tanah Kendal “ anggitanipun Ahmad Hamam Rochani.

Ingkang badhe kula cariyosaken inggih menika nami Pesarean Kemangi satunggaling panggenan ingkang wonten ing dhusun Jungsemi, Kecamatan Kangkung, Kabupaten Kendal lan dhusun-dhusun sanesipun ing sakiwa tengenipun.

Cariyosipun rumiyin rikala Sultan Agung Hanyakrakusuma badhe mengsah Walandi dhateng Batavia, sedaya Tumenggung, Adipati lan Punggawa Praja dipunaturi rawuh wonten ing Pasewakan Agung ing Mataram. Dipuntetepaken wonten ing Pasewakan menika Mataram badhe nglurug perang dhateng Batavia lan ugi netepaken bilih Senopatining perang inggih menika Tumenggung Bahureksa, Adipati Kendal lan Gubernur Pesisir Seganten Jawi.

Wekdal semanten Kendal dados punjering kawigatosan para Sentana Praja, langkung-langkung dhumateng Tumenggung Bahureksa. Dene ingkang sami rawuh makempal wonten ing Kendal antawisipun Pangeran Puger, Pangeran Purbaya, Tumenggung Mandurareja, Tumenggung Upasanta, Pangeran Kadilangu, Tumenggung Wiroguna lan taksih kathah punggawa-punggawa praja sanesipun.

Bahureksa netepaken bilih pepanggihan ngrembag ancang-ancang ngluruk perang menika mboten wonten ing pendhapa Kadipaten, ananging wonten ing satunggaling panggenan ingkang kedah dipunsingitaken, panggenan kalawau pranyata wonten ing madyaning wana, sapunika dados pasabinan. Leresipun ing sangandhapipun wit ingkang edhum. Wit menika ing wekdal samangke naminipun wit kemangi, wit menika manggen ing tengahing pasabinan, samangke dados pasarean.

Pasarean menika mlebet wewengkon dhusun Jungsemi Kecamatan Kangkung Kabupaten Kendal, panggenan menika dados pekuburan ingkang wingit.

Wonten ing paseban kalawau sedaya “ Kayoman “, istilah sanesipun kasat mata amargi sampun dipunpayungi wit kemangi lan ayat mimang ingkang dipuntanem dening Tumenggung Rajeg wesi utawi Ki Gedhe Kemangi.

Tumenggung Rajagwesi menika ingkang tinatah njagi kawilujenganipun para paraga pengageng praja supados lancar anggenipun nyiapaken sedayanipun kangge ngluruk Walandi dhateng Batavia, pramila ing sakiwa tengenipun paseban dipun pageri kaliyan oyot mimang ingkang kiyat kados dene kiyatipun pager wesi, oyot mimang wonten ing cariyos tutur minangka kinayah perangan saking ayat suci Al-Quran, oyot saking tembung ayat, Mimang dipun pendhet saking pethilan aksara utawi tembung saking Ayat Kursi inggih menika Mim-ma.

Pranyata panci mboten wonten telik sandi ingkang kasil mangertosi panggenan paseban kalawau. Ing sanjawinipun pasarean kemangi wonten satunggal pasarean ingkang kijingipun sela wonten seratanipun “Padhepokan Laduni Faqoh”. Ing sangandapipun seratan wau wonten seratan “ Sembara ”.

Pranyata Tumenggung Rajegwesi menika kalawau ingkang kagungan padhepokan “ Laduni Faqoh ”. Sadangunipun paseban kemangi menika lumampah kasunyatanipun sampun ndamel cariyos tutur ingkang ndadosaken pangemut-emut tumrap masyarakat sakiwa tengenipun, cariyos kalawau ing antawisipun :

  1. Tumenggung Kerti Wongso saking Jepara nuju dhateng Batavia ing tengahipun lampah perahunipun kandheg, amargi wonten sela karang ingkang mbujur dhateng laut kepeksa sami leren. Sasampunipun leren lampah kalajengaken ngantos dumugi Batavia lan kasil mbeta peta Batavia sawangsulipun saking Batavia Kerti Wogso kedah laporan dhateng Kendhal wonten ing panggenan ingkang sampun katetepaken. Pranyata ingkang kangge pepangihan mboten tebih kaliyan kandhekipun prau nalika badhe bidhal. Awit papan kalawau wonten karangipun ingkang mbujur dhateng seganten, pramila lajeng kaparingan nama : Karang Malang. Priyantun ingkang dipunpasrahi mimpin dhusun Karang Malang inggih menika Kyai Syamsudin, satunggaling Ulama ingkang dherek nglurug VOC dhateng Batavia.
  2. Paseban Kemangi manggenipun ing pinggiring segaten jawi kangge nggampilaken lacak tumrap pengageng Mataram, nuju dhateng Kemangi, lajeng katanem wit jambe utawi pucang ing sapinggiripun margi ageng, panggenan menika lajeng katelah : Pucang Reja.
  3. Laladan ingkang tumuju dhateng paseban rame, pramila ing saben-saben panggenan wonten prajurit ingkang njagi lan para pengageng Mataram menawi badhe tindak dhateng paseban Kemangi langkung rumiyin pinarak wonten padhepokan Laduni Faqoh. Panggenan menika katelah nama Depok (Padepokan), samenika sampun gantos nami dados dhusun Sukodadi.
  4. Tumenggung Rajegwesi kabantu Kyai Akrobudin lan para santri mbudidaya kanthi saestu anggenipun nyugata dhateng para pengageng Mataram, lajeng mbikak pasabinan ingkang wiyar sarta lepenipun kangge ngilekaken toya dhateng pasabinan, panggenan ingkang dipunlangkungi lepen menika dados nami dhusun Kaliyasa.
  5. Senopati prajurit ingkang badhe kabidhalaken dhateng Batavia, langkung rumiyin dipunparingi arahan wonten ing Paseban Kemangi, pramila kathah prajurit ingkang wira-wiri wonten panggenan ingkang nuju dhateng Kemangi kalawau. Panggenan menika katelah Tlahaban , sapunika dados dhusun Tlahab.
  6. Sedaya prajurit ingkang nglangkungi Tlahaban kalawau kedah dipuntiti priksa rumiyin. Pos sepisan dipunjagi dening Pangeran Kadilangu, pramila ngantos saprikai dhusun kalawau dipun paringi nama dhusun Kadilangu.
  7. Panggenan sanes ingkang kangge kempal prajurit sami niti priksa senjata menapa dene pirantos perang sanesipun wonten ing sangandhapipun wit Laban, pramila panggenan wontenipun wit Laban kalawau katelah dhusun Laban.
  8. Ing sisih ler panggenan dipunjagi prajurit saking Pekalongan dipun pandhegani dening Kyai Tumenggung Panji Reja (Ajudanipun Tumenggung Mandurareja Adipati Pekalongan), panggenan menika katelah dhusun Rejasari.
  9. Kaamanan pesisir dipunsrahaken dhateng Pangeran Sambong lan Ajudanipun Kyi Mojo lan Kyai Sandi. Pesabinan dipundamel lepen kangge ngilekaken toya, lepenipun dipundamel kanthi sae, ananging toya mboten saget mili mengaler, panggenan sakiwa tengenipun asring lober lan ndadosaken bena, kawontenanipun siti sansaya ndhesek dhateng seganten lan dados Tanjung, pramila panggenan menika spunika dados dhusun ingkang naminipun Tanjungmojo. Papan panggenan toya ingkang wangsul mbalik minggah, sapunika kawastanan dhusun Kali Balik. Leluhur masyarakat Kalireja lan Tanjungmojo inggih menika Kyai Mojo lan Komajaya. Panjenenganipun seda nalika ngukuhi lumbung tetedhan kangge prajurit Mataram ingkang dipunbesmi kaliyan Walandi.
  10. Laladan kilen dipunjagi Pangeran Sambong Adipati Karang Anom, Raden Sulamjana, Raden Bahu Bantheng lan Pangeran tanjung Anom. Dipuncariyosaken bilih telik sandhi Walandi panci mbudidaya nyelaki Paseban Kemangi saking arah kilen nglangkungi dhusun Gringsing, nanging wonten ing satunggaling panggenan telik sandhi kalawau saget dipunkawonaken dening prajuritipun Pangeran Karang Anom, kangge pangemut-emut panggenan menika katelah dhusun Karanganom.
  11. Kangge nginceng mengsah ingkang dumuginipun saking arah seganten injg satunggaing panggenan dipundamel panggung inggil, pandamelipun dipunpandegani dening Raden Bahu Bantheng lan Pangeran Tanjung Anom, panggenan ingkang kangge njagi mengsah saking panggung inggil menika lajeng kawastanan dhusun Tawang utawi Gempol Sewu.
  12. Pangeran Sambong lan Raden Sulamjono dipunpasrahi njagi ing laladan sawetanipun dhusun Weleri, panggenan menika langkung “ strategis “ lan gampil ngonangi telik sandhi, dipuncariyosaken telik sadhi Walandi saget dipunasoraken dening Raden Sulamjono menapa dene Pangeran Sambong, papan panggenan mlebetipun para telik sandhi sapunika kawastanan dhusun Ungup ungup.
  13. Badharipun Kaladuta 1 lan 2 kathah prajurit ingkang wangsul dhateng Kenddal lan mboten wangsul dhateng Mataram. Paraga ingkang nderek nyerang dhateng Batavia lan nderek pepanggihan wonten ing Paseban Kemangi, ing antawisipun inggih menika Raden Muthohar lan Raden Haryo Sungkono.

Dumugi ing Kendal priyantun kekalih menika nyamar dados masyarakat limrah, ing papan panggenan dumuginipun kekalihipun nanem satunggaling wit naminipun wit Sembung lan pirantos kapal ( jaran ) ugi dipuntanem ing panggenan menika, pramila panggenan menika dipunparingi nama Sembung Tambar. Sembung kapendhet saking namining wit lan Tambar tegesipun lega utawi slamet, dhusun menika ing wewengkon Kecamatan Cepiring.

14.Pangeran Sambong misah saking kalih prajurit kalwau lajeng nuju dhateng tepis wiringing lepen ingkang kathah wit pisang, wit kelapis lan wit pring, wonten ing mriku wusananipun Pangeran Sambong mertapa ananging badhar amargi kadenangan dening telik sandhi walandi, papan menika dipunsebat dening Walandi Cepiring ingkang tegesipun “ Tepis wiringing lepen “. Pangeran Sambong lajeng jengkar dhateng papan panggenan ingkang langkung inggil ing sisih kilen. Panjenenganipun lajeng ngedegaken padepokan, papan padepokan kalawau lajeng kawastanan dhusun Sambongsari.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar